MAKALAH
NGLESTANTUNAKEN BASA JAWI
SUPADOS LANGKUNG NGREMBOKO ING JAMAN MODERN
Makalah Menika
Dipunserat Piranti Tugas
Bahasa jawi
Dening :
1.
MUHAMAD ISMAIL
SMA AN-NURIYYAH
BUMIAYU
BAB I
PAMBUKA
Sakmenika
basa Jawi kapetang basa ingkang lumayan kathah dipunengge dening warga ndonya.
Miturut petunganipun, basa Jawi ngenggeni urutan 20. Kawontenan menika kedah
dipunjagi lan, menawi saget, derajat ingkang sampun dipungayuh menika
dipunjunjung langkung inggil malih.
Kathahing
panganggep bilih para wiranom (generasi muda) basa Jawinipun risak, kaco,
ngawur lan kathah sebutan sanesipun.Kangge nanggulangi bab menika, para guru
perlu ningkataken wawasan lan kaprigelanipun lan pamarintah - Depdiknas - perlu
nggatosaken bab menika kanthi ngawasi lan tansah mbimbing para guru basa Jawi,
murih lestari lan ngrembakaing basa lan budaya Jawi.
Pindhanipun
satunggaling wewangunan, saderengipun damel cagak temtu masang pondasi langkung
rumiyin. Menawi pondhasinipun kukuh lan bakuh, temtu cagak dalah sedaya
wewangunan wau saget ngadeg jejeg kukuh lan santosa. Pondhasi tumrap ngrembaka
lan lesatrining Basa Jawi inggih menika Pamulangan Basa Jawi ingkang leres.
Geneya
pamulangan Basa Jawi madeg minangka pondhasi ngrembaka lan leatsraining Basa
Jawi? Wangsulanipun wonten werni kalih. “Inggih” lan “boten”. “Inggih”, menawi
pamulangan Basa Jawi katindakaken kanthi leres lan sae. “Boten”, menawi
pamulangan Basa Jawi katindakaken sembarangan lan ngawur.
Basa
Jawi menika kedah dipun langgengaken. Menawi saget, malah dipuninggilaken.
Boten wonten ingkang langkung rumaos remen teng penggalih kejawi tiang Jawi
minangka warga tlatah asal mulanipun basa kasebat mbok menawi teng satunggaling
mangsa mangke basa Jawi saget jaya teng jagad raya.
Perkawis
sinten mawon ingkang kedah ngrembokoaken basa Jawi temtu kemawon sedaya tiang
ingkang rumaos ndherek andarbeni lan angrungkebi tumrapipun basa Jawi,
khususipun tiang Jawi ingkang mapan teng tlatah Jawi. Babagan menika wigatos
sanget dipunpenggalih amargi perkawis basa menika perkawis pilihan lan saingan.
Tiang sakpurunipun milih pundi rupi (upaminipun basa, dialek, lan logat)
ingkang langkung dipunremeni. Mugi-mugi kemawon kanthi upaya-upaya sae kados
adicara ageng ingkang saweg dipunwontenaken menika basa Jawi mboten badhe
kalebet ingkang ngalami nasib kasebat wau.
Lumantar
makalah menika, badhe dipunaturaken kados basa Jawi menika saget langkung
ngremboko lan kondang kawentar teng jagad raya. Babagan menika wigatos sanget
dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi
sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng basa Jawi, supados
kawontenan tiang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening
kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.
Wonten 6 perkawis ingkang dipunaturaken wonten makalah menika. Sepindah basa jawi ingkang punah, nuwuhaken raos remen kawula mudha tumrapipun budaya leluhur piyambak. Perkawis piwulangan basa Jawi wonten sekolah kedah dipunleresaken. Sanesipun, keluarga kedah dados papan utama kangge nepangaken sarta ngangge basa Jawi sedinten-dinten. Kejawi menika, sesrawungan ngangge basa Jawi kedah dipunusumaken. Ingkang pungkasan, sinten kemawon ingkang taksih sinau ngangge basa Jawi kedah dipunbombong, sinaosa taksih ndamel kelepatan. Gamblangipun 6 perkawis menika dipunbeberaken wonten mandap niki.
BAB II
WOSING PIREMBAGAN
A.
Basa Jawi ingkang punah
Wonten ing jaman menika, posisi basa Jawi menika sampun
wiwit kaganti kaliyan basa-basa liyan, basa Jawa menika sampun wiwit punah.
Basa Jawi menika namung didadosaken mata pelajaran ko-kurikuler ing sekolah
ingkang mboten ndherek nemtokaken kalulusanipun siswa. Pelajaran basa Jawi
menika sae dipuncaosaken kaliyan murid, nanging kasaranipun menawi mboten
dipuncaosaken ugi mBoten dados menapa.
Kangge tiyang ingkang mboten saking suku Jawi, utawi tiyang
Jawi ingkang sampun dangu mapan wonten ing luar pulau Jawi, sampun biyasa
ngginakaken basa Indonesia kangge basa padintenanipun, babagan menika mboten
dados perkawis. Babagan menika
amargi ing basa Indonesia menika mboten gadhah unggah-ungguh ingkang mutlak.
Basa Indonesia menika ugi mboten gadhah kelas-kelas kangge mBentenaken yuswa
lan kedudukan tiyang ingkang dipunajak micanten. Benten kaliyan basa Jawa
ingkang gadhah unggah-ungguh basa. Basa Jawa menika gadhah tingkatan-tingkatan
(ragam) ingkang saged mBentenaken
kaliyan sinten kita menika micanten.
Menawi kita
badhe micanten kaliyan tiyang ingkang luwih sepuh utawi tiyang ingkang gadhah
posisi ingkang luwih inggil kita kedah ngginakaken basa Jawi ragam krama. Menawi badhe micanten kaliyan
kanca utawi tiyang ingkang saumuran, kita saged ngginakaken basa Jawi ragam ngoko. Basa Jawi ngoko menika ugi wonten
ragam ngoko alus kaliyan ragam ngoko kasar.
B. Nuwuhaken raos remen
kawula muda tumrapipun budaya leluhur piyambak
Nuswantara
Indonesia sampun kondang kawentar sajagat raya babagan kabudayanipun,
langkung-langkung wonten teng tlatah Jawi. Kabudayan Jawi hanggadhahi nilai
luhur lan becik. Tuladhanipun, sesrawungan priyantun Jawi mitungaken yuswa,
lembah manah, lan tatakrama. Semanten ugi, basa lan sastranipun. Basa Jawi
sugih basa rinengga. Werni-werni sanget ujud kasusastran Jawi ingkang mujudaken
sugihing pinemu tiang Jawi. Tembung cangkriman (kadosto “njanur gunung”) lan
sanepa (tembung “suwe mijet wohing ranti”) awis-awis tinemu ing kasusastran
basa sanes. Aksara Jawi mawon wonten tegesipun ingkang jero, kadosto 5 aksara
ingkang kawitan ingkang mucalaken tauhid. Kesenian jawi, upaminipun seni
“Begalan” saking Banyumas kathah mbobot falsafah, donga, lan kekarepan.
Bangsa Indonesia
ingkang ngadyantara kaliyan unggah-ungguhipun, masarakatipun ingkang gemah
ripah loh jinawi menika mboten uwall saking kabudayan lan basa Jawi. Kathah
sanget bebasan saking basa Jawi ingkang dipunserap ing basa Indonesia.
Nilai-nilai moral ingkang dipunandhut kaliyan basa Jawi piyambak saged
nuwuhaken kapribaden ingkang unggul. Sinten kemawon ingkang paham lan mangertos
pentingipun basa Jawi saged otomatis gadhah budi pakarti ingkang sae.
Kathah
tiang saking manca nagari ingkang sinau wayang, nari, nabuh gamelan, sastra
Jawi lan sanes-sanesipun. Ananging mboten kathah ingkang nyinaoni basa Jawi,
amargi sawentawis wekdal basa Jawi dereng dipunbetahaken. Ananging kedah
dipunserat bilih wolak-walikipun mangsa kawontenan menika saget kemawon brubah
sawekdal-wekdal. Rumiyen, basa Latin dados basa jagad. Lajeng, basa Perancis
nggantosi. Basa Inggris jaya sak sampunipun, ngantos dumugi sak menika.
Basa
Jawi saged-saged kemawon kondang kawentar kados basa Inggris. Temtu, menawi
sampun mekaten tiang Jawi badhe remen teng penggalih, amargi basanipun
dipuntampi lan petangaken dening kelompok menungsa sanesipun. Basa makili
kabudayan. Tiang ingkang basanipun mboten dipuntampi dening kelompok sanes
rumaos kelompok sosial sarta budayanipun ugi mboten dipuntampi (Kramsch, 1998
3). Kosok wangsulipun, basa Jawi saget sirna saking ndonya menawi mboten
dipunuri-uri dening kelompok masyarakat Jawi piyambak. Kejawi saking menika,
saget kemawon basa Jawi kabedhol oyotipun saking tlatah Jawi menawi mboten
dipunjagi kanthi turun tumurun. Becikipun kita sedaya nyumurupi warisan leluhur
arupi budaya Jawi menika sakderengipun dipuntemu dening kelompok menungsa utawi
bangsa sanes.
C. Piwulangan basa Jawi
ingkang ngeremenaken
Menawi
nggatosaken lampahipun pasinaonan utawi wulangan basa Jawi ing sekolah-sekolah
ugi punapa ingkang dipungayuh siswa, kadosipun taksih dereng kados punapa
ingkang dados pengajengipun kita sedaya. Pasinaonan basa Jawi taksih langkung
kathah adhedhasar basa seratan katimbang lisan. Kejawi saking menika
lumampahing pasinaonan taksih kapitang kuno lan kirang ngremenaken. Cara-cara
sinau basa ingkang trep kangge lare, kadosto dolanan lan nembang, dereng dados
kabudayan. Tuladha nyata, lare ingkang mboten mahir basa Jawi, menawi
dipunparingi damelan supados nembang macapat, tembang-tembang dolanan, lan
campursari cepet apal, dados sae pangucapanipun lan ugi lancar. Menika sedaya
wau amargi raos remen, sinau mboten patosa kraos.
Kejawi
saking menika lomba-lomba basa Jawi ingkang ngremenaken, kados nembang,
deklamasi, lan pidato mawi basa Jawi ingkang sampun dipunrintis kedah
dipunsengkuyung lan ramekaken minangka siar basa sarta budaya Jawi.
Seratan-seratan (kados teng seratkhabar “Suara Merdeka”) lan acara-acara (kados
teng RRI) ingkang kasebar lumantar basa Jawi kedah dipuntingkataken khususipun
perkawis isi lan paket.
D. Sinau basa Jawi dipunwiwiti saking
keluarga
Wonten
tiang sepah ingkang ngangge dwibasa. Wonten ugi tiang sepah ingkang ngangge
rupi-rupi basa. Menawi ingkang remen ngangge basa Inggris sumonggo, amargi
kasunyatanipun basa Inggris menika dipunbetahaken kangge sesrawungan warga
ndonya. Ingkang remen ngangge basa Indonesia inggih sumonggo, amargi basa
menika minangka basa negara teng lebetipun nuswantara. Remen lan sinau
pinten-pinten basa menika sae-sae mawon. Ananging, sedaya wau wigatosipun
migatosaken empan papan. Wonten sak lebetipun keluarga ingkang tiang sepahipun
saking Jawi, tiang sepah kedah dados tuladha lan panutan dhumateng lare-larenipun
kawit alit, kejawi basa-basa sanesipun.
Klentu
sanget menawi wonten tiyang ingkang ngendika bilih ngangge basa Jawi niku
ndeso, katrok (ngangge istilahipun Thukul). Basa Jawi nasipun kados basa-basa
sanes ingkang ndelalah mboten dados basa ndonya. Melas sanget nasib tiyang
ingkang makaten menika, kedahipun dipuntatar. Tanggungjawab kita sedaya,
utaminipun keluarga supados nepangaken basa Jawi wiwit lare-lare taksih alit.
Tiyang-tiyang kados Ibu Utari Dewi, S.H (Suara Mereka, 2 Agustus 2008) lan Peni
Winarningtias saking Pemalang ingkang sampun nggatosaken lan ngraosaken sanget
nilai-nilai basa lan kabudayan Jawi kedah dipunacungi jempol.
E. Sesrawungan ngangge basa Jawi
Niki
ngimutaken rikala maos seratkabar ingkang nyebataken bilih tiang-tiang Pekalongan
ingkang manggen wonten negari Jerman mboten kesupen anggenipun ngangge basa
Jawi wekdal kepanggihan kaliyan tiang-tiang Jawi sanesipun. Dados wonten
pundi-pundi panggenan, menawi saget tiang Jawi ingkang sae mboten ngesupekaken
basanipun piyambak.
Sesrawung
mios telewicara ngangge basa Jawi antawis sesami priyantun Jawi utawi mboten
priyantun Jawi ananging mangertos basa Jawi wonten pundi kemawon papan
panggenan kejawi patemonan resmi kadosipun sae sanget, amargi cara menika
ateges sami kalian siar basa Jawi. Sak menika, basa Jawi sampun kados basa
manca teng tlatah kelairanipun piyambak. Ing pundi-pundi, milai saking dusun
ngantos kutha awis-awis sanget basa Jawi kapireng dipunengge dening warga.
Cuwilan
ukara-ukara ingkang dipunbeberaken teng wiwitan seratan menika saget
dipundadosaken minangka tengering awonipun basa Jawi kawula muda Jawi, amargi
ukara-ukara kasebat pangandikan saking satunggaling bakal jawara teng pilihan
Putera Puteri Solo 2008. Miturut warta seratkabar menika, pangandikan niku wau kaaturaken
kanthi ndredheg lan mboten lancar. Ingkang mboten jamak lumrahipun, inggih
menika basa Inggris kaaturaken kanthi langkung lancar. Solo utawi Surakarta
Hadiningrat minangka pathokanipun basa Jawi. Kejawi saking menika peserta
sampun dipunbekali basa Jawi. Menika minangka tenger bilih basa Jawi mboten
asring dipunengge. Lajeng, kados punapa basa Jawi priyantun saking njawinipun
Surakarta Hadiningrat lan Ngayogyakarta? Pramila, priyantun Jawi kedah tancut
taliwanda sinau lan ngangge basa Jawi sak asring-asringipun kersanipun mboten
angisin-isini amargi saget ngangge basa Jawi kanthi lancar lan hanggadhahi raos
pitados piyambak.
F. Bimbingan lan petedah ingkang sae dhumateng sinten kemawon ingkang
taksih sinau ngangge basa Jawi
Sinau
mbetahaken wekdal ingkang cekap. Lan kados jamak lumrahipun pasinaon, sinau
basa Jawi mboten saget lepat saking klenta-klentu. Pramila, supados tiang
ingkang saweg sinau lan nyobi ngangge basa Jawi teras remen, kalepatan ngangge
basa kedah dipunmaklumi lan, selajengipun, dipunbetahaken bimbingan lan pitedah
ingkang sae, inggih menika ingkang mboten badhe ndadosaken ciut lan pejahipun
greget sinau basa Jawi. Bimbingan lan pitedah ingkang dipunsuguhaken saget
nuwuhaken kasampurnan.
Kalebet
babagan niki, wigatosipun kita nampi rupi-rupi tembung lan ukara (dialek) lan
campur (code mixing) lan pindah basa (code switching) supados mboten nyiutaken
penggalih para sederek ingkang taksih sinau. Sawentawis wekdal, tiang ingkang
saweg sinau lan ngangge kedah remen rumiyen “saget” ngangge basa Jawi teng
sesrawungan sinaosa dereng sampurna. Ingkang wigatos inggih menika anggenipun
nggangge basa Jawi ndamel sami-sami mangertoS
BAB III
PANUTUP
1. Dudutan lan Pamrayogi
Supados basa
Jawi langkung ngremboko warga masyarakat Jawi lan sedaya ingkang nggadhahi raos
handarbeni tumrapipun basa Jawi kedah tanggap ing sasmita sarta wonten
upaya-upaya ingkang temen lan nyata khususipun saking kawula mudha, tiangsepah,
guru basa Jawi, lan kantor pendidikan lan kabudayan. Sawentawis wekdal menika,
ingkang ndhesek inggih menika (1) nuwuhaken raos remen kawula muda tumrapipun
budaya leluhur piyambak; (2) piwulangan basa Jawi kedah dipunjejegaken; (3)
tiangsepah paring tuladha dhateng anggota keluarga; (4) sesrawungan ngangge
basa Jawi; lan (5) bimbingan lan petedah ingkang sae dhumateng sinten kemawon
ingkang taksih sinau ngangge basa Jawi. Namung kados makaten menika basa
Jawi bakal lepat saking ancaman sirna. Malah, saget minggah kewentaripun. Mugi
Gusti Ingkang Pinasih ngijabahi. Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta
menawi wonten lepat
3. Penutup
Basa lan budaya Jawi tetep ngrembaka lan lestari, sauger
masyarakat Jawi minangka ahli waris lan pengguna bahasa, rumaos
bombong, tresna lan remen ngginakaken kanthi sae lan leres. Mugi Gusti tansah
ngijabahi. NuwUN
DAFTAR PUSTAKA dan sumber
Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FBS
UNY.2007.Buku Kumpulan Makalah
Seminar Nasional Pembelajaran Bahasa
dan Sastra Daerah dalam Kerangka Budaya. Yogyakarta.
Sudaryanto. 1991. Kamus Indonesia-Jawa.
Yogyakarta: Duta Wacana University Press.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar